Senin, 23 Januari 2012

Contoh Pidato Bahasa Jawa

Astiawan Handi Pradana

Assalamu’alaikum Warahmatullahiwabarakatuh
     Nuwun,nuwun,kula nuwun   
     Sagung para pepundhen ingkang dahat kinabekten,bapak-ibu ketua RT ing wewengkon RW 5 ingkang satuhu luhuring budi,bapak KH.Aziz Nurudin ingkang satuhu kinurmatan,Ketua Karang Taruna Jaya saanggotanipun ingkang kinurmatan ugi,lan mboten kesupen para rawuh ingkang winantu ing bagya mulya.
     Langkung rumiyin sumangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT . Dene ing kalodhangan menika kita saged makempal lan pinanggih wonten ing adicara menika.Shalawat saha salam mugi konjuk dhumateng Nabi kita Muhammad SAW.Para sahabat lan keluarganipun.
     Sederengipun,kula ngaturaken maturnuwun dhumateng panatacara ingkang sampun paring wekdal kangge kula matur wonten ing ngajeng mriki kangge mbahas caranipun ngobati penyakit masyarakat.
     Hadirin wal hadirot rakhimakumullah
     Napa ingkang kasebut penyakit sosial?Penyakit sosial inggih menika Gejala sosial ingkang tumbuh miwah berkembang wonten ing masyarakat kados dene miras,narkoba lan judi.Penyakit-penyakit sosial menika mboten mung wonten ing kuta-kuta ageng mawon,nanging sampun ngantos dumugi pelosok-pelosok desa.Dados penyakit niki mboten ngenal papan,wekdal utawi umur.Nanging, Sasaran utama penyakit-penyakit masyarakat iku inggih menika para remaja-remaja kita,sebab para remaja teksih gampang dirayu,teksih gampang digoda,amargi dereng anggadaih jati diri.kedadean menika dados tugas serius kangge para tiyang sepuh supados saged ndidik putra putrinipun dados pribadi-pribadi ingkang kebal saking penyakit-penyakit masyarakat menika.Caranipun kepripun?Ingkang sepisan inggih menika ngawasi sadaya mawon kegiatan sumawana pergaulan putra-putri kita,mbok bilih putra-putri kita bergaul kaliyan tiyang-tiyang ingkang saged nularaken penyakit sosial menika.Ingkang kekalih,mari kita didik putra-putri kita ngangge tuntunan agama,supados si anak mangertosi pundi ingkang becik,lan pundi ingkang ala.
         Nanging mboten mesti penyakit sosial menika tanggung jawab tiyang sepuh,kangge para lare-lare ugi kedah tanggung jawab,kedah saged ngindari hal-hal ingkang mboten sae nglampaih cara nindakaken kegiatan-kegiatan ingkang bermanfaat.Tuladhanipun para pemuda-pemuda ingkang tumut Organisasi Karang Taruna menika.  
     Sagung para pepundhen ingkang dahat kinabekten,bapak-ibu ketua RT ing wewengkon RW 5 ingkang satuhu luhuring budi,para anggota Karang Taruna ingkang kinurmatan lan bapak ibu para rawuh ingkang kinurmatan ugi.
     Kados namung semanten ingkang saged kula aturaken dhumateng ngarsa panjenengan sedaya.Mugia andadosaken pangertosan para rawuh sedaya.Sedaya kalepataning atur kawula nyuwun gunging samodra pangaksami…nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar